Text
Lantip Basa Jawa Kanggo SMP/MTs Kelas IX
"Buku Pelajaran Basa Jawa ""Lantip Basa Jawa"" punika minangka satunggaling buku MULOK Wajib ingkang kedah dipunajaraken dhateng para siswa SMP/MTs ing tlatah Provinsi Jawa Timur.
Ing buku ""Lantip Basa Jawa"" punika kasajekaken lelandhesan sekawan Elemen Keterampilan Berbahasa Kurikulum Merdeka inggih punika: 1) Menyimak, 2) Membaca dan Memirsa, 3) Berbicara dan Mempresentasikan, lan 4) Menulis, ingkang kasusun salaras kalih Capaian Pembelajaran (CP) lan Alur Tujuan Pembelajaran (ATP) Kurikulum Merdika, sarta Kearifan Lokal Provinsi Jawa Timur.
Sedaya kearifan lokal Provinsi Jawa Timur kacakup kadasta: crita rakyat, sejarah, sastra, budaya, adat tradhisi, lan sedaya potensi-potensi kearifan lokal ing saben tlatah ing wewengkon Provinsi Jawa Timur dipuncakup ing buku punika.
Fitur-fitur khas ing buku ""Lantip Basa Jawa"" punika antawisipun:
* Materi kasusun adhedhasar Capaian Pembelajaran (CP) lan Tujuan Pembelajaran (TP) ingkang sinerat ing Kurikulum Mardika Basa Jawa Jatim. Materi tinulis kanthi jangkep lan rinci sinartan soal-soal latihan ingkang komplit.
* Soal-Soal Gladhi Kompetensi, satunggaling soal latihan ingkang murwat lan sinerat ing saben-saben Tujuan Pembelajaran.
* Tugas Proyek, satunggaling tugas mandhiri utawi klompok ingkang ngasilaken satunggaling karya utawa prodhuk tartamtu ingkang mujudaken satunggaling ciri khas ing Kurikulum Mardika.
* Sajian Mirunggan (Khas): Pambuka, Pituduh (Petunjuk Khusus), Pangenget-enget (Pengingat-ingat), Kamus Cilik (Kamus Kecil Jawa-Indonesia) ing saben-saben wacan, lan Cathetan Ringkes, lan sapanunggalanipun.
* Asesmen Sumatif Wulangan, mujudaken soal-soal evaluasi akhir bab ingkang awujud Soal Pilihan Ganda lan Uraian (Essay).
* Asesmen Sumatif Semester, mujudaken soal-soal evaluasi akhir semester ingkang awujud
Soal Pilihan Ganda lan Uraian (Essay).
* Asesmen Kompetensi Minimum (AKM), mujudaken soal-soal latihan ingkang variatif ing Kurikulum Mardika ingkang awujul Soal Literasi lan Numerasi, kadasta: Soal Bener Luput (Benar-Salah), Soal Pilihan Maneka Warna (Pilihan Ganda Bervariasi Jawaban Lebih dari Satu), Njodhokaken (Menjodohkan), lan sapanunggalanipun."
Tidak tersedia versi lain